SERAT ANBIJA PEGON
KASMARANDHANA
1. //Kuneng
yogyaning anulis / ing diten Jamu”ah Pon énjang / ing pukul pitu wayahé / ping
sangalikur tanggalnya / wulan Jumadilawwal / prang bakat ing wukunipun /
narengi mangsa kasanga//
2. //Tahun Hé
ingkang lumaris / sengkelanipun ingétang / jalma pandita warnané / tunggal wiku
carurira / wondéné ingkang nerah / rare anom kawlasayun / westa Mas
Panitisestra//
3. //Panedané
kang anulis / angsala ingkang supa’at / sagung para nabi kabéh / supa’até
rasulullah / lan sagung para sahabat / angsala berkating ratu / lan wali mukmin
sedaya//
4. //Luzuhur
andika nabi / inking dingi nabi Adam / Adam nabi Thith (Sis) putrané / nabi
Thith (Sis) ingkang peputra / nama Janas putranya / Janas Kanad putranipun /
Kanad apeputra Malat//
5. //Malat
Pasir putranéki / Pasir nulya apeputra / nabi Idris / ika putrané / Idris
sampun apeputra / Sang Waham putranira / Waham nulya asesunu / Sulha namané putranya//
6. //Sulha
Lamik putranéki / Lamik sampun apeputra / kanjeng nabi Nuh putrané / nabi Nuh
ika peputra / Husam namané punika / Husam nulya asesunu / Pasad namané
putranya//
7. //Pasad
Palih putranéki / Palih nulya apeputra / Rango namané putrané / Rango sampun
apeputra / Pahur mangké putranya / Pahur nulya asesunu / anama Kinatih Ajar//
8. //Kinatih
Ajar sisiwi / nabi Ibrahim putrané / nabi Ismail putranya / nabi Ismail ika /
Lama Lama asusunu / Thabit namané putranya//
9. //Thabit
Yajid putranéki / Yajid Yarab putranira / Yarab putranya namané / Pahur namané
punika / Pahur nulya puputra / Muqawwa warnané bagus / Muqawwa nulya paputra//
10. //Hadad
wastanipun singgih / Hadad anulya aputra / Malat namané putrané / Malat
apeputra Malad / Malad Anajar putranya / Najar sampun asusunu / Malar namané
punika//
11. //Malar
Ilyas putranéki / Ilyas sampun apeputra / Malikah ika putrané / Malikah ika
putrané / Malikah sapun peputra / Azimah namanira / Azimah nulya susunu /
Kananah iku putranya//
12. //Kananah
peputra Tapsir / Malik putranira / Tapsir Malik namané putrané / Chalib sampun
apuputra / Dhulmanap Abadul manap / bagénda Hasim putranya//
13. //Anama
Abdulmuntalib putranya / Abdulmuntalib Abdullah ika namané / Abdullah sampun
peputra / Jeng Gusti rasulullah / wus jangkep sajarahipun / ing kawandasa
satunggal//
14. //Carita adi
sinerah / saking Arab pinangkané / mengko binasakaken Jawa / nenggih raja ing
Arab / pan lelima putranipun / pambayuné ki Abadullah//
15. //Panguluné
Abas singgih / Muntalib panengahira / bagenda Hamzah warujuné / waragilipun
manudya / ni Kurantén namanya / kang kinarya kanda iku / putra pambarep sang
nata//
16. //Katurunan
sang apekik / ingaran cahya nubuwah / munggéng jujuluk mangko / cahyané
gumilang-gilang / wonten radén Abdullah / tuhu wernané abagus / sajagat Tanana
mémba//
17. //Nanging
mangké sang apekik / pan lagya akrama anyar / angsal putri Qurésh mangko /
putrané raja pandita / wasta Dewi Aminah / wernanipun luwih ayu / asor widadari
Suwarga//
18. //Ya ta sira
sang apekik / déréngatut dennya karma / apan déréng sapaturon / raja putri
ingkang mawal / tan kena cinedakan / tebih manahé sangayu / marang kang raka
Abdullah//
19. //Ingkang
rama sri bupati / kalintang ribeng galihnya / yén atuta karma mengko kang rama
asrah Negara / marang radén Abdullah / suka jumeneng perabu / kang rama dating
mardika//
20. //Kuneng
gentiya winarni / raja putri Sayyidina / kalintang ayu wanané / rah jagat
Tanana mémba / putri dinama-nama / tuhu retuning wong ayu / putrané raja
pandita//
21. //Awesta
Partimah sami / kaloka sejana priya / para raja sabrang kabéh / lamun sang dyah
déréng karma / katah utusan prapta / samya ngebun-ebun esuk / samya tinampik
sedaya//
22. //Sang retna
tanarsa krami / remen amomong sarira / nanging abrangta wiragé / lali dahar
lawan néndra / sanget rudatinira / wiwitané salah subuh / jroning salah
analika//
23. //Jroning
salah aningali / neng ngarsa andulu cahya / apadang jroning masjidé / kanga ran
cahya nurbuwah / gilang-gilang apadang / sang dyah amandeng andulu / tan adangu
nulya musna//
24. //Sahicalé
cahya nuli / wonten swara tan katingal / kaya mangkéné ujaré / éh putri ing
Sayyidina / wruhanira sang retna / cahya puniku enggénipun / néng raja putra
ing Arab//
25. //Ki
Abdullah kang wewangi / wanudya dadi daupnya / ingari qiyamah tembé / apan
luput pitakoné / nora kara-kara tanpa kira-kira iku / munggah swarga adi
mulya//
26. //Sira ni
Partimah Sami / kasmaran miharsa swara / lali dahar lawan saré / sampun
kawandasa dina / arsa angunggahana / marang Abdullah sangayu / sang dyah nulya
perdandanan//
ISINING
CARIYOS
PUPUH I
ASMARADANA
Titi mangsa anggenipun nyerat,
ingkang nyerat inggih punika mas Panitisastra.
Ingkang nyerat nedha berkating para
nabi rasulullah, para sahabat, sang ratu lan wali mukmin sadaya.
Asal usulipun Kangjeng Nabi Muhammad
wiwit saking Nabi Adam dumugi Ki Abdullah.
Kacariyos raja Arab Abdulmuntalib
kagungan putra gangsal, Abdullah, Abas, Muntalib, Hamzah, dene ragilipun Ni
Kuranten.
Raja putra Abdullah kedawahan
nurbuwat, cahya ingkang mencorong wonten ing palarapanipun. Saweg krma enggal,
angsal putri Aminah ingkang endah ing warni, nanging dereng atut. Sang prabu
sanget ribeng ing galih awit sampun badhe seleh keprabon.
Kacariyos, raja putri Sayidina,
Partimah Sami, sanget sekel ing galih. Kathah utusan saking para raja ing
sabrang sami sowan, sami ngebun-ebun enjing, anaging sang putri dereng kersa
karma. Ing salebeting salat subuh, sang putrid priksa cahya nurbuwat. Boten
antawis dangu cahya sampun musna. Wonten swanten ingkang nerangaken bilih cahya
punika dunungipun wonten ing raja putra Arab Raden Abdullah. Wanodya ingkang dados
dauping benjing ing dinten kiyamat tamtu wilujeng lan minggah swarga. Miyarsa
punika Dewi Partimah Sami lajeng kasmarang, sampun kawan dasa dinten cegah
dahar lawan guling. Kersanipun badhe nginggah-inggahi Raden Abdullah. Sang
putrid sampun busana kairing dening ki Patih tuwin bala pepak, mbekta raja
brana. Raden Abdullah mangke menggaha nampik badhe karoban ing raja brana
punika.
Sampun dumugi negari Arab. Kendel
ing sajawining kitha, ki patih kadawuhan sowan sang prabu, ngaturaken punapa
ingkang dados karsanipun sang putrid. Sang Nata ngandika bilih ki Abdullah
sampun karma. Unjukipun ki pati : “Sampun wiyahing priya, garwa kalih inggih
patut, rabiya sekawan wenang, punapa malih putra tuwan sang apekik, dereng
carem anggenipun karma”. Tumunten wonten mbok emban kalih dating. Utusan Dewi
Partimah Sami, ngaturaken gambaripun sang putrid.
PUPUH II
S I N O M
mBok emban ngaturaken sembahipun
sang putrid Sayidina, lan malih ngaturaken serat tuwin gambaripun Sang Dewi.
Sang retna juwita suka lila dados cetinipun sang raja putra Abdullah. Sang
prabu ngandika bilih ki Abdullah sampun karma kaliyan Dewi Aminah. Nanging yen
putrid Partimah Sami mila asih sanget dhateng ki Abdullah, Sang prabu njurungi
kersanipun sang putrid.
Sang raja putra sampun dipun
ngendikani ingkang rama. Serat enggal kabikak. Sareng sampun periksa gambaripun
lajeng kasmaran dhateng Sang Dewi. Ing galih emut ingkang garwa. Putrid kalih
punika kados dene kembar ing warni, naming bedanipun Dewi Aminah langkung
anteng.
Ki Abdullah badhe methukaken
rawuhipun putrid Sayidina wonten ing pagelaran. Sang putrid mugi kersaa rawuh
enjingipun, sasampunipun bedhug. Ki patih tuwin mbok emban kalih sampun nyembah
nyuwun pamit. Ki Abdullah kondur dhateng kadipaten.
Kocapa Dewi Aminah lenggah dhampar
emas. mBok emban kalih wonten ing ngarsanipun. Kagambaraken asrining petamanan
tuwin tata rakiting pasareyan. mBok emban atur sembah nunten matur “ “Gusti
kawula miring, raka panjenengan dalem dipun inggah-inggahi putrid saking
Sayidina, awasta Partimah Sami, mbekta raja brana tuwin patih lan mantra
bupati. Aluwung gusti carema. Pun bibi sanget rudatin. Lan kawula welas sanget
dhateng raden Abdullah, ingkang tansah sare piyambak. Mangke manawi raka paduka
rawuh, mbok inggih dipun petukaken”.
Dewi Aminah tindak dhateng
pasareyan, nunten siaga, abusana. Yen sinawang kados widadari.
Mangling-manglung wonten kori, ngajeng-ajeng rawuhipun ki Abdullah.
PUPUH III
DHANDHANGGULA
Raden Abdullah rawuh. Dewi Aminah
mesem, sampun lega galihipun. Ingkang raka dipun ladosi.
Raden Abdullah lan garwanipun sampun
lulut. Lenggah jajar tuwin ngandikan, prekawis putrid Partimah Sami. Dewi
Aminah garwa sepuh, mugi kersa nglilanana. Sang Dewi ngandika : “Lahir batin
atur kawula, sampun kuwatos. Senajan mundhut garwa sekawan, kawula jurungi”.
Raja Abdul Muntalib sampun ndhawuhi
para pandhita supados njenengi dhaupipun Raden Abdullah lan putrid Partimah
Sami. Sang Nata pengulunipun, para pandhita sahidipun. Sampun kathah raja
pandhita ingkang rawuh, Abu Hurerah saking Madinah, Pandhita Hasyim, Kures,
Pandhita Mekah, sedaya sampun pepak.
Emban kalih sampun wonten ing
ngarsanipun Dewi Partimah Sami. Ngaturaken sedaya pangandikanipun sang nata.
Sampun begjanipun putrid Sayidina. Dewi Aminah dereng lulut. Putrid Sayidina
nunten siyaga, lajeng jengkar. Sampun dumugi alun-alun. Kendel ngandapipun
waringin kurung, medhak saking jempana. Ki Abdullah tuwin putrid Partimah Sami
sampun aben ajeng. Sang putrid boten samar mandeng Raden Abdullah. Nyawang
saking ngandhap nunten manginggil, mangandhap malih. Raden Abdullah mila tuhu
bagus. Sajagat boten wonten ingkang nandhingi. Nanging cahya nurbuat sampun
boten wonten. Dewi Partimah Sami sampun uninga punapa ingkang dados sababipun
icaling nurbuat.
Sang Dewi sanget dukanipun, dene
Raden Abdullah mleca.
PUPUH IV
PANGKUR
Sang putrid Sayidina kathah ingkang
karaos ing galih. Sampun keraya raya tindak dhateng nagari Arab, ingkang
tebihipun lelampahan pitung wulan. Ingkang dipun peleng cahya nurbuat. Dumugi
endon sampun boten wonten, sampun tumurun dhateng Dewi Aminah. Naming kantun
atebah jaja. Boten kiyat nandhang brangta. Nunten minggah dhateng jempana.
Sampun mundur sabalanipu. Gegancangan kondur dhateng pandhokanipun ing jawi
kitha.
Raden Abdullah sampun boten emut
purwaduksina. Pangandikanipun kados tiyang dleming. Kersanipun badhe nututi
putrid Sayidina, nanging lajeng dawah kantaka. Kabekta dhateng nglebet pura.
Raja wuragil, Dewi Kuranten ngrangkul sarwi nangisi, sambatipun melasasih.
Ingkang ibu Dewi Janiyah ugi ngrangkul lan ngandika alon, murih ingkang putra
emuta malih lan mupusa jer mila sanes dhaupipun. Dewi Aminah kekirangan punapa?
Ayunipun boten wonten ingkang nandingi.
Sang nata Abdul Muntalib teksih
pinarak ing setinggil, para pandhita tuwin patih Jumiril lan putra kalih wonten
ing ngarsanipun. Raden Abas tuwin Raden Buntalib sami atur sembah nunten munjuk
: “Kados pundi kersa Tuwan, prekawis putrid Sayidina. Nginggah-inggahi boten
dumugi lajeng mutung. Badhe kawula cepeng, lajeng kaaturan kakang Abdullah. Yen
balanipun boten suka, badhe kawula gepuk tumunten, ngantos ajur mumur”. Sang
prabu ngandika : “Wis pupusen anakingsun. Lagi during jodhonira. Tandire Hyang
Widi”. Para pandhita nunggil karsaning sang aji.
Putrid Sayidina sampun dumugi
pondhokan, tedhak saking jempana, nunten nyungkemi pasarean. Tengah dalu ing
salebeting kantaka miyarsa swanten : “Heh sang putrid Sayidina! Away rudatin.
Lah iya sira antiya. Cahya nurbuat iku, besuk ana dadine. Dadi jalma lanang,
warnane bagus. Kalah kang rama Abdullah. Reh jagat Tanana tandhing. Dadi utusane
Hyang Agung. Dadi Nabi wekasan. Iku ta sira antiya. Wus pasthi dadi dhaupira
besuk. Lah maneh sira Nini, bakal nuwuhake tedhak tumedhak sejarah. Lah taw is
sira muliha”.
Sang putrid tansah rudatin ananging
sampun boten duka. Yen sinawang warninipun nglayung. Ing mangke anteng pesaja,
jatmika, ruruh wingit.
Ki patih tuwin emban sami nyembah.
Unjukipun ki patih : “Gusti, Raden Abdullah badhe kawula amuk. Wadya bala
Sayidina ngentosi dhawuh. Mugi kalilanana nggeba tumuli.
Sang retna mesem ngandika : “Sun
trima ature bala mami. Ing mangke sun wus mupus. Nora niyat sikara. Mangsa
borong karsaning Hyang Maha Luhur. Kang angganjar kang anyiksa. Kita derma
angla,pahi. Hiya patih undangana! Sarupane agunf alit bala mami. Sun arsa
mantuk marang Sayidina”.
Enjingipun putrid Sayidina kondur
kadherekaken wadya balanipun tiyang ing Puser Bumi ingkang katilar sami
ngungun, welas dhaateng raja putrid.
Ing margi sang putrid anteng aruruh,
beda kaliyan kala rawuhipun ing negari Arab. Wanci salat sami kendel. Bakda
salat sami nglajengaken lampahipun.
Kocapa, ki Abdullah wonten ing puri
kaliyan garwanipun Dewi Aminah. Siyang dalu kajagi kawulanipun.
PUPUH V
M I J I L
Dewi Aminah saweg mbobot sawulan.
Ing supena kapanggih tiyang enem, inggih punika Nabi Adam, ingkang ngendika :
“Heh Aminah wetenganira benjing dadi panutaning jalma, agama kanga gung”. Kalih
wulanipun ing supena kapanggih Nabi Idris. Mngandika malih putranipun benjing
nama Muhammad, ingkang agung drajatipun. Tigang wulanipun kapanggih Nabi enem.
Pangandikanipun bilih putranipun benjing kakung tuwin pitulunganipun, awit
badhe mbedhah negari Mekah. Kawan wulanipun ing supena kapanggih Nabi Ibrahim.
Pangandikanipun bilih putranipun kakung bagus ing warni, negaranipun agung.
Gangsal wulanipun kapanggih Nabi Ismail ingkang ngandika bilih putranipun
benjing dipun ajrihi tiyang kapir. Nem warsanipun kapanggih Nabi Musa.
Pangandikanipun bilih putranipun benjing wasta Muhammad. Derajadipun ngungkuli
nabi sedaya. Pitung wulanipun kapanggih Nabi Dawud. Pangandikanipun, ing benjing
putranipun jumeneng ratu chalipah agung. Wolung wulanipun kapanggih Nabi
Sulaeman. Pangandikanipun bilih putranipun benjing dados nabi akir jaman, nabi
panutup. Sang dewi sampun mbobot sangang wulan. Ing supena kapanggih Nabi enem,
inggih punika Nabi Isa. Putranipun ing benjing dados ahli agami agung, alusing
budi, hidayat kabegjan.
Sampun wancinipun sang dewi mbabar
putra. Jabrael tuwin sakathahing widadari sami tumurun saking swarga sami
tetulung. Ugi boten kantun Dewi Asiyah garwanipun raja Pirngon tuwin Dewi
Maryam. Jabang bayi sinambut lajeng dipun sirami mawi toya zamzam, lajeng dipun
lisahi mawi lisah saking swargi. Nunten dipun gedhong.
Sasampunipun mbabar putra, Dewi
Aminah nunten seda. Seda suci, lahir lawan batin. Gumirah swantening tiyang ing
kedhaton. Raden Abdullah boten saged ngendika, naming mriksani layon kemawon.
Kathah ingkang kagalih. Sanget welasipun mriksani ingkang putra. Ki Abdullah
dhawah boten emut. Dipun rangkul ingkang ibu tuwin ingkang rayi Dewi Kuranten.
Wonten gara-gara. Surya growing,
grahana wulan, lindu. Punika rikalanipun ki Ahmad lahir, ing wulan Mulud,
tanggal kaping kalih welas enjing, dinten Senen Pon, taun Dal, mangsa ketiga
wuku Sinta.
Dewi Aminah sampun kasarekaken. Ki
Abdullah tindak dhateng wana, sanget sungkawa. Kathah-kathah ingkang kagalih.
Kemutan Dewi Partimah Sami ingkang kondur dhateng negarinipun. Lajeng sampun
mupus. Sapunika katilar garwanipun. Jabang bayi boten gadhah ibu. Badan sanget
cilaka.
PUPUH VI
D U R M A
Sang nata pinarak wonten ing
sitinggil. Sineba punggawa mantra, para satriya, lan para bupati. Ingkang
wonten ing ngajeng patih Jumiril tuwin kalih Raden Arya Abas lan Buntalib. Sri
Narendra kemengan semu duka. Yen sanesa raja temtu sampun lolos ing wanci dalu.
Laruging duka dhateng jabang bayi, ingkang wayah. Punika lare benter. Manawi
teksih ing puri naming badhe damel welak kemawon tuwin nyangari negari.
Ki Buntalib dipun utus mbucal jabang
bayi ing wana Pirangon.
Ki Ahmad dipun pundhut lajeng dipun
selehaken ing kendhaga emas. Gandanipun angambar. Angkatipun ing wanci dalu,
boten wonten ingkang sumerep. Kandhaga dipun panggul punggawa. Lampahipun
sampun kalih wulan. Sareng sampun dumugi ing tengah wana Pirangon, kendhaga
kaselehaken alon-alon. Ki Buntalib senggruk-senggruk, boten tega nilar kepenakanipun.
Ujaripun : “Wus kariha bendara ana ing wana. Saka abote printahe eyangira
gusti! Sun tetedha bendara oleha rahmat pitulunging Hyang Widi”.
Arya Buntalib sampun kesah dhateng
Puser Bumi.
Ki Ahmad kantun wonten ing wana. Yen
siang grahana surya, yen dalu graham wulan. Lindhu kaping pitu sadinten.
Seganten rob. Kajeng ageng kathah ingkang rebah. Sasampunipun gara-gara punika
wana nunten malih dados padhang nerawang siang dalu. Wana Pirangon mantun
singit. Lelembat, berkasakan, sedaya sami ajrih asih lan rumeksa sang pekik,
ewon, leksan malaekat awerni peksi endah sami rumeksa ki Ahmad.
Tiyang dhusun ingkang gegriya wonen
tepining wana sami mlebet wana. Saya dangu, saya kathah tiyang Pirangon ingkang
sami dhaateng sami tugur rinten dalu. Saking sawabipun jabang bayi ingkang
sakit sami saras. Kendhaga lajeng dipun bekta dhateng dhusun Bandar. Tiyang
sadhusun sami bingah, sami atur-atur rajabrna, tuwin ngawula dhateng ki Ahmad.
PUPUH VII
ASMARADANA
Raja Pirangon sampun miyarsa
prekawis ki Ahmad. Patih Bidengah lajeng kadhawuhan mendhet jabang bayi. Sampun
dumugi dhusun Bandar. Ki Ahmad kapendhet lajeng kaaturaken sang katong. Sang
nata nuju sineba. Pepak para bupati, miwah para sentana, punggawa mantra, lan
para raja. Sri bupati angandika : “Heh Patih, ki Jaka Ahmad, sun karya anak.
Away dupeh temunira. Besuk yen gedhe nggentenana jumenenga ing Pirangon. Ingsun
megawan kewala”.
Ki Ahmad wonten ing pura, rineksa
kawula estri, rabining para raja bupati tuwin satriya. Cahya nurbuat wonten
nggilipun jabang bayi. Madhangi sakitha. Jalu estri suka bingah.
Kocapa Raden Abdullah tindhak
sapurug-purugipun. Kendhel ing tepining samudra ing dhepokipun nabi Adam. Wnaci
tengah dalu miyarsa swanten : “Heh Abdullah. Lah pupusen, wus takdire, patine
Dewi Aminah. Muliha sira den age. Kukupen anakira, awit wus binucal, ingaran
panas. Neng alas Pirangon ta mangke. Tempuhana ramanira, ulihe anakira. Lah
payo muliha gupuh”.
Raden Abdullah kondur semu duka. Sri
Nata pinarak wonten ing nglebet kedhaton. Dewi Kuranten muwun wonten ing
ngarsanipun. Sambatipun sang dewi : “Kaniaya rama prabu. Wayahe teka den bucal.
Yen kakang Abdullah prapti, takon anak Tanana. Jeng rama prabu kados pundi?”.
Sang nata kendel kemawon, boten antawis dangu ki Abdullah rawuh, nyembah nunten
nyuwun priksa, wonten pundi ki Ahmad sapunika. Arya Buntalib kadhawuhan mendhet
kepenekanipun ingkang wonten wana Pirangon. Raden Abas tut wingking.
Kocapa Raden Hazah ingkang kesah
ngaji sampun mantuk. Rama ibu suka bingah. Sampun dipun ngendikani prekawis ki
Ahmad. Raden Hamzah matur badhe nututi kakang Abas tuwin Buntalib.
Arya Abas lan Buntalib siyang dalu
mlampah. Kendelipun naming manawi badhe salat. Dumugi ing wana, ki Ahmad sampun
boten wonten.
Ki Ahmad wonten ing nglebet pura.
Kareksa kawula estri kalih atus. Wadya bala ageng alit boten wonten ingkang
wonten ing griya. Sedaya tugur siyang dalu. Ingkang dipun pitaya sang prabu
kadhawuhan nggula wentah ndadah tuwin ndulang inggih punika ni Sasah. Rumiyin
putrid boyongan saking negari Berdange. Ing mangke mlarat sanget tur sampun
sepuh. Ki Ahmad rinengkuh putra. Sampun takdiring Hyang Agung, Dewi Sasah pulih
prawan malih. Saben enjing wuwung siram, bebengkung lan wewedhak, apupur lan
pilis inggun, jejampi lan wewejah, kados tiyang mentas gadhah lare sapisanan.
Ki Ahmad pinangku alon lajeng sinesepan, nanging boten kersa. Dipun dulang ugi
boten kersa.
Kocapa ki Abas lan Buntalib sampun
wonten ing jawi pura. Ki Abas tengga wonten jawi pager banon. Ki Buntalib
masang sirep lajeng mlebet. Ki Ahmad kapangke Dewi Sasah. Sang Dyah sare
lenggah, sesendhen bantal susun. Ki Buntalib enggal medhet kepenakipun,
kabopong lajeng dipun bekta medal, lajeng mangkat sareng kaliyan Abas.
PUPUH VIII
P A N G K U R
DEWI SASAH sareng wungu jabang bayi
sampun boten wonten lajeng jerit, nunten kantaka. Dangu boten emut. Sampun
kaaturaken sang prabu. Sanget dukanipun. Ki patih Bidengah tuwin wadya bala
sami bidhal madosi Ki Ahmad.
Ki Abas tuwin Buntalib sami kendel
ing ngandhaping wringin ageng. Ki Ahmad kapangku paman Buntalib. Ki Abas
manahipun kuwatos. Ki Abas ing ngajeng mbopong lare, ki Buntalib ingkang badhe
mabeni. Bala kapir sampun katingal, swantenipun geger gumuruh. Sami nututi,
beluk-beluk aken wangsul. Ki Abas mlajeng, ki Buntalib kendel noleh. Kawula
kapir celuk-celuk : “Wonten santri, lah mandega! Wani-wani nyolonmg putrane
ratu. Yen sira ayoni urip, ulungna den aglis”. Ki Buntalib sumaur kaliyan
mlampah : “Wong Puserbumi, ingsun arane Buntalib. Sira njaluk raja putra. Heh
wong kapir ora kena, yen Buntalib isip urip”. Wonten mantra wolu ingkang nunten
ngebyuki. Buntalib narik duwung. Wonten ingkang nyurung, nyuduk mawi tumbak
saking wingking. Wonten ingkang medhang, nanging Buntalib boten pasha. Mantra
wolu sedaya angemasi. Ki patih Bidengah tuwin balanipun dhateng, lajeng ambyuk.
Buntalib karoban lajeng mlajeng nututi ki Abas. Sampun serap surya. Raden kalih
sami singidan wonten ngandhaping kajeng kepuh. Ki Abas sampun telas manahipun
awit temtu bade kacepeng. Ki Buntalib sampun pasrah ing Hyang Widi, lajeng
mlampah.
Ki Hamzah kapanggih raka kalih ing
margi. Saking katebihan dipun kinten kawula Pirangon ingkang ngadhang. Sareng
sampun celak katingal cettha lajeng sami rerangkulan. Dipun criyosi sedaya
lelampahanipun. Ki Abas bisik-bisik dhateng Hamzah :”Musuh kapir ambilaheni.
Aluwung adhi mulih marang Puserbumi nggawa raja putra”. Ki Hamzah mendel
kemawon. Raja putra sinambut, kinuswa-kuswa, pinangku ingaras awanti-wanti,
kinudang-kudang : “Man Abas tyase satengu. Mangsa padhaa man Hamzah!” Ki Abas
lajeng mantuk mbekta ki Ahmad. Ki Hamzah tuwin Buntalib mengsah bala kapir,
kalih-kalihipun boten sami pasha ing dedamel. Ki patih Bidengah tuwin raja
sekawan sampun ngemasi. Tiyang Pirangon sepalihipun sami mbalik, lajeng dados
Islam. Raja Pirangon miyarsa lajeng badhe methukaken Raden Hamzah. Sang nata
ngikal gada, ki Hamzah ginada kaping tiga, boten ebah. Sang prabu enggal
cinandhak, ingkang tengen nagger pedhang ingkang kiwa nyepeng kala menjing
ngantos mlirik. Sang nata nunten atur tobat, dipun culaken. Raja Pirangon
sabalanipun sami dados Islam.
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
Raden Hamzah ngendika dhateng raja
Pirangon supados sapunika ngereh negari Pirangon malih. Benjing menawi Ki Ahmad
sampun jumeneng nata nunten sebaa. Wonten malih welingipun, Dewi Sasah mugi
dipun asihi.
Raden Hamzah tuwin Buntalib sami
bidhal, kairing kawula Pirangon. Sampun kepanggih kaliyan Ki Abas. Ki Hamzah
dhawuh supados wana Pirangon dipun bubak, kadamel sabin. Prenahipun kandhaga
rumiyin dipun damel Bandar. Kawula Pirangon tuwin para raja sami ngrosani
pambukakipun. Sareng sampun wonten satengah wulan, Ki Ahmad tuwin paman tiga
lajeng bidhal dhateng Puserbumi. Raja Pirangon tuwin para raja ngaturaken
inten, mirah kalih pethi pratandha sampun nganut agmi Islam.
Raja Muntalib tuwin Raden Abdullah
pinarak wonten ing pagelaran. Ki Ahmad sampun katur sang prabu, lajeng dipun
pangku. Ki Abdullah gentos mangku ingkang putra. Arya Buntalib ngaturaken
sedaya ingkang kalampahan.
Dewi Janiyah bingah kepanggih
ingkang putra Raden Hamzah ingkang perwira, mungkasi kardi. Dipun bujuk ingkang
ibu, supados enggal karma, nangging lenggana.
Sareng sampun kalih wulan tunggil
kaliyan rama ibu, Ki Hamzah nyuwun pamit badhe kesah angaji. Dipun gendholi
meksa kesah.
PUPUH X
M I J I L
Ki Ahmad wonten puri, cahyanipun
mencorong. Ni Kuranten ingkang ngreksa kepenakanipun. Sampun yuswa pitung
wulan, wancinipun liningling. Ki Ahmad pinangku, kinuswa-kuswa, Ni Kuranten
ingkang waunipun tuli, guwing, gingsul, wungkuk dumadakan saras sedaya
cacadipun. Jajanipun Ki Ahmad dipun arasi. Grananipun ingkang waunipun pesek
mantun angrungih. Kawula estri ingkang ngreksa wanodya pipilihan, kathahipun
satus kawandasa. Sadaya sami ajrih asih.
PUPUH XI
DHANDHANGGULA
Sareng Ki Ahmad sampun saged
jumeneng, ugi tumunten lajeng saged salat.
Kala Ki Ahmad lair kasarengan
lairipun lare pitung dasa. Sedaya jaler tur bagus-bagus.
Ki Ahmad sampun rumaja putra, kagung
eyang tuwin ramanipun. Dipun paring kanca kawandasa. Inggih punika pilihan
saking lare pitung dasa wau. Gangsal ingkang dados pramugari, inggih punika
Bubakar, Utman, Ali, Kusumaji. Kusumaji punika awon manahipun, mila lajeng
dipun tundhung. Sanesipun sampun Islam sedaya.
Karemenanipun Ki Ahmad angen menda,
sesarengan kalih kancanipun. Wanci mahrib sami mantuk. Ki Ahmad saya dangu saya
tebih anggenipun anegen menda, ngantos dumugi ing wana. Sampun pinten-pinten
wulan ical boten kapanggih. Ingkang eyang tuwin rama sampun sami mupus. Boten
antawis dangu sang prabu tuwin ingkang garwa sami seda, kasarekaken ing
Madinah.
Sineksen ing para pandhita negari
Puserbumi binage dening Ki Abas. Negari dipun para sekawan, kalih duman kangge
Raden Abdullah ingkang badhe jumeneng natal an ngukup sadherek estri Dewi
Kuranten. Ingkang kalih duman kangge Ki Abas tuwin Buntalib. Ki Hamzah boten
kaduman, mergi kesah tapa brata lan dinugi boten kersa. Para pandhita emeng
galihipun. Ki Abdullah mendel kemawon, pambagening negari magel.
Ki Hamzah sampun miring bab
sedanipun rama tuwin ibu. Enggal-enggal kondur, pitung dinten pitung dalu
nyungkemi pasareyanipun rama ibu. Sasampunipun lajeng tindak dhateng sitinggil.
Ing ngriku sampun pepak para pandhita, mantra bupati. Raka katiga lenggah ing
ngajeng. Ki Hamzah semu duka, nunten ngliga pedhang lajeng ngandika bilih Ki
Abdullah mardika. Ki Abas tuwin Buntalib manawi badhe nedha negari, badhe
kasukanan negari Julrah, lan negari Kupah. Ki Hamzah ingkang badhe jumeneng
nata. Ki Abas tuwin Buntalib nedha mardika. Para pandhita sami lega manahipun.
Ki hamzah sampun jumeneng nata.
Kocapa Ki Ahmad wonten ing wana
kalunta-lunta lampahipun, sampun dumugi lambunging redi. Tansah nyebut asmaning
Pangeran. Malaekat Jabrael tumurun awerni peksi johan. Ki Ahmad dipun samber,
dipun bekta dating pucuking redi, nunten dipun tilar. Marginipun rumpil sanget,
Ki Ahmad ngantos meh dhawah. Enggal nyandhak panjalin ingkang wonten ing
ngriku.
Kocapa Kusumaji rikala katundhung
lajeng tapa wonten ing redi. Nggentur tapanipun, sampun ngraga suksma. Sumerep
Ki ahmad badhe dhawah enggal nulungi. Ki Ahmad noleh, ing batos uninga, bilih
Kusumaji benjing badhe jumeneng nata wonten ing tanah Jawa ing Mehangkamulan,
manut sarengatipun Kanjeng Nabi Muhammad.
Ki Ahmad nglajengaken lampahipun,
kapanggih kaliyan malaekat Jabarael. Jajanipun Ki ahmad dipun bikak dipun iseni
serat tigang dasa jus. Inggih punika purwaning kor’an. Jaja dipun usapi, lajeng
pulih malih. Kusumaji ingkang sumerep sedaya wau lajeng enggal-enggal mlajeng.
Jabrael boten nyumerepi. Ki Ahmad kabekta dhateng bumi suci ingkang kawastanan
baitullah. Ingkang yasa rumiyin inggih punika Nabi Ibrahim tuwin ingkang putra
Nabi Ismail. Margi boten dipun upakara samangke katingalipun kados wana
trataban.
Ahmad lan Jabarael sami lenggah
jejer. Jabarael ngendika manawi dipun utus, kadhawuhan marasi, mumpung wulan
Hijah. Ki Ahmad inggih kersa, nanging badhe rerembagan rumiyin bab kawruh.
Jabarael kapurih ngawon kemawon, awit Ki Ahmad langkung langkung sepuh.
Jabarael rumaos langkung sepuh, manawi Ki Ahmad mila langkung sepuh, mugi
kersaa mastani sedaya punapa-punapa ingkang wonten ing wiwitan, tengahan tuwin
ingkang pungkasan, tuwin mastani nabi sedaya.
Ingkang wiwitan inggihp[unika
lintang johar awal, lan cahya nurbuwat. Panggenanipun wonten ing kandil.
Loh kalam boten wonten. Kandhil gumantung tanpa canthelan. Ingkang tengahan
swarga lan neraka. Ingkang pungkasan bumi langit surya wulan lintang. Alam
donya saisinpun, Loh kalam ingkang nyawabi. Wonten jalu estri pinunjuk dados
retuning swarga. Nunten sami nerak angger-angger nedha who kuldi, dinukan
katndhung dhateng donya. Ingkang wiwitan Nabi adam, ingkang wekasan Nabi Muhammad.
Wonten satus kawan likur ewu nabi. Ingkang katurunan sarengat wonten nenem,
inggih punika, Nabi adam, Nabi Enuh, Nabi Ibrahim, Nabi Musa, Nabi Ngisa, Nabi
Muhammad. Wonten satus sekawan kitab ingkang katurunaken. Nabi Adam tampi
sedasa, Nabi Sis skeet, Nabi Idris tigang dasa, Nabi Ibrahim sedasa, Nabi Musa
kadawahan Toret, Nabi Ngisa Injil, Nabi Dawud Jabur, dene Nabi Muhammad
kadhawahan Kor’an.
Lintang johal awl sapunika wonten
pundi? Jabarael mendel kemawon boten sumerep. Ki Ahmad ngendika punpa ingkang
wonten nglebet jajanipun. Jabarael mandeng jajanipun Ki Ahmad, lajeng sumerep
lintang johal awal, nunten sujud. Sampun boten rumaos langkung sepuh. Ki Ahmad
ngendika menawi kersa dipun parasi, ananging boten kagungan kopyah. Jabarael
enggal nyuwun pamit nunten musna.
PUPUH XII
ASMARADANA
Jabarael sampun wonten ing
ngarsanipun Hyang Widhi lan sampun matur bilih kekasih Muhammad boten gadhah
kopyah. Jabrael kadhawuhan mendhet ron kastuba ingkang sae saking swarga,
minangka kopyah. Punapa malih kekasih Muhammad kaparengaken rabi widadari
sakethi. Kawenangaken mi’raj dhateng swarga, nitih burak. Lan sinten ingkang
mendhet remanipun, ing donya lan ngahirat angsal rahmat. Dosanipun badhe
kaapunten, halal dhateng swarga, haram dhateng naraka. Para widadari sedaya
supados mendhet rema. Saben wulan Hijah kekasih Muhammad kadhawuhan paras.
Kocapa lare kawandasa, kancanipun Ki
Ahmad, tuwin Bubakar, Umar, Utman, Ali, sedaya sami madosi Ki ahmad ing wana
tuwin redi. Jabrael enggal aken dhateng peksi garudha ingkang angengipun
saredi, supados tetulung. Swiwinipun dipun beber, ngrepak lare kawan dasa.
Sareng sampun nglempak lajeng dipun giring dhateng Mekah.
Ki Ahmad lenggah wonten serambi
ka’bah saweg pitekur. Dumadakan lare kawandasa sami dhateng lajeng sami
ngujung. Bubakar, Umar, Utman, Ali makaten ugi.
Anuju malam Jumengah Jabarael tedhak
saking swarga. Punapa ingkang sampun wenang nggadhuh telaga Kalkotar. Yen
pinuju wulan Hijah Ki Ahmad kadhawuhan dhateng redi Arpat lan wajib salat pardu
Jum’at. Tiyangipun wajib kawandasa. Manawi Ki Ahmad benjing sampun karma, yen
wulan Ramedan dipun dhawuhi tapa ing guwa. Malem selikuripun supados ngungak
dhateng jawi. Ki Ahmad ndheku mirengaken sabdaning Hyang Widhi.
Jabarael dipun utus malih, nyuwun
priksa namaning rema. Pangandikanipun Ki Ahmad wonten kawan werni. Inggih
punika cemeng, pethak, abrit, tuwin jene. Cemeng punika raos langgeng ing
datullah. Pethak raos sucinipun. Abrit raos ingkang jinatenan. Jene raos
ingkang mawi cahya. Jabarael ngakeni bilih Ki Ahmad langkung waskita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar