(merupakan buku yang dialih aksarakan oleh Ny. Dra. Ambaristi dan Lasman Marduwiyota yang diterbitkan oleh Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah)
I.
Sinom.
1. Ron
kamal mangka purwaka
bakuning
sedya ngleluri
kang
karsaning Sang Nararya
kang
kontap satanah Jawi
yeka
ta sang Wirasti
Pangran
Dipanegara Gung
denira
sampun tandang
mengeti
lakyan pribadi
wiwit
keremira ring reh agama.
2. nDherek
eyang buyutira
Jeng
Ratu Ageng winarni
dhedhekah
ing Tegalhaija
suruting
buyut lestari
neng
Tegalhaija maksih
Pangeran
sangsaya mungkul
marang
rehing agama
sahayangin
kawula kang tyas rahaija.
3. Iya
wus karsaning suksma
Pangeran
Dipanegari
kedah
memuri kang eyang
buyut
mapan karsaneki
karem
marang agami,
dadya
sangsaya puniku
lan
kang eyang Jeng Sultan
dadya
awis sowan neki
mung
garebeg punika kang mesthi ana.
4. Suprandene
iku meksa
ngalap
dosa ageng iki
sasurutira
kang eyang
tanapi
rama Jeng Sang Sri
marang
ing tyas pribadi
ing
agami karemipun
mangkana
Tegalharja
langkung
duk kang yang suwargi
kang
ngibadah tanapi kathahing tiyang.
5. Miwah
ingkang wewangunan
sadaya
apan wus salin
Kangjeng
Pangran darmanira
lamun
alelana iki
nenggih
Syeh Ngabdulrahkim
kalamun
aneng praja gung
Pangran
Dipanagara
dadya
ana ma kakalih
ingkang
yuswa sampun kalih dasa warsa.
6. Namung
wegi karemannya
wau
ingkang den lampahi
mangkana
ciptaning driya
ing
siyang kalawan latri
sapira
neng dunyeki
dadya
karem ing tyasipun
marang
purbaning suksma
nanging
sipat ngaral maksih
asring
kenging ginodha dhateng wanodya.
7. Yen
kala enget tyasira
marang
wekasan dumadi
nulya
kesah alelana
anjajah
sagunging masjid
apan
nunggal lan santri
kang
kathah-kathah puniku
langkung
amati raga
angagem
kang sarwa laip
marmanira
awis kang jalma uninga.
8. Lamun
iku kadenangan
dhumateng
guruning santri
Seh
Dulrahkim nulya kesah
lamun
kang den-karemeni
tunggal
lan santri alit
lan
kang samya nisthanipun
lamun
neng pamondhokan
marmanipun
ngalih-ngalih
yen
wus bosen pasantren ngalih mring wana.
9. Gunung
jurang parang guwa
terkadhang
urut pasisir
kalamun
wulan Ramelan
ngujalat
guwa kang sepi
Mangkana
kang winarni
aneng
song Kamal panuju
Seh
Dulrahkim punika
lenggah
neng jro guwasi
lingsir
dalu cobaning Hyang nulya prapta.
10.
Kalangkung
awarna-warna
coba
ingkang andhatengi
Seh
Ngabdulrahkim samana
wus
tan darbe tingal kalih
namung
marang Hyang Widhi
coba
wus musna sadarum
nulya
ana kang prapta
jumeneng
ngarsa nireki
janma
priya cahyanya sawang purnama.
11.
Awasta Hyang
Jatimulya
sayektinya
Sunan Kali,
Seh
Ngabdulrahkin samana
seneng
denira ningali
nulya
ngandika aris;
'Heh
Ngabdulrahkim sireki
wus
pinasthi Hyang Suksma
lamun
sira iku benjing
dadi
ratu ngerang-erang nuli musna.
12.
Samusnanya sang
Pandhita
pungun-pungun
Ngabdulrahkim
kalangkung
gegetunira
dene
tan ngantos ngabekti
Enjing
nulya lumaris
lampahnya
anjujur gunung
tan
etang pringga baya
sarira
wus tan katolih
kang
kaesthi amung sihira Hyang Suksma.
13.
Nusup-nusup
lampahira
mudhun
jurang munggah ardi
tan-ana
kang sinedya
langkung
wuyung tyas neki.
Lamun
sayah lumaris
sare
saenggen-enggenipun
samangsanipun
prapta
ing
Bekung Seh Ngabdulrahkim
lajeng
kendel ngantos angsal pitung dina.
14.
Seh
Ngabdulrahkim wus tedhak
dhumateng
mesjid Mangi
pan
arsa salat Jumuah
apan
nuju samya prapti
sagung
kang juru kunci
pan
arsa salat sadarum
kagyat
samya tumingal
tan
pangling mring gustinireki
pan
kumrubut samya tur salam sadaya.
15.
Sabakdanira
Jumuwah
sagung
ingkang juru kunci
apan
samya lajeng kormat
ing
sagadhah-gadhah neki
dadya
nyare sawengi
neng
masjid Jimatan iku
enjingnya
nulya mangkat
Seh
Ngabdulrahkim lumaris
turut
lepen ika lajeng munggah ngarga.
16.
Prapta ing guwa
Siluman
lajeng
anyare sawengi
enjingnya
nulya lumampah
nut
irah-irahing ardi
samana
sampun prapti
Seh
Ngabdulrahkim puniku
guwa
Sagala-gala
anulya
dipun lebeti
kalih
dalu nyare neng Sagala-gala.
17.
Enjing anulya
lumampah
lajeng
andeder kang wukir
Guwa
Langse kang sinedya
dirgama
wus tan kaesthi
samana
sampun prapti
Guwa
Langse Lampahipun
Seh
Ngabdulrahkim nulya
neng
riku amati ragi
awatara
neng guwa satengah candra.
18.
Ngeningaken
ingkang cipta
wus
sirna sagung kaeksi
Seh
Ngabdulrahkim samana
mung
kantun rumekseng urip
urip
rumekseng dhiri
dhiri
wangsul urip sampun
kang
urip kaya-kaya
sampun
tan kena winarni
kewarnaa
kang ngadhaton ing samodra.
19.
Jeng Ratu Kidul
wus prapta
neng
ngarsa Seh Ngabdulrahkim
mapan
padhang jroning guwa
nging
Jeng Ratu wus udani
lamun
Seh Ngabdulrahkim
lagi
suwung ciptanipun
da
tan kenging ginodha
dadya
umatur ubanggi
lamun
benjing tekeng mangsa badhe prapta.
20.
Nanging Seh
Ngabdulrahkima
miyarsa
datan ningali
Ratu
Kidul sampun musna
Mangkana
Seh Ngabdulrahkim
wus
ucul tingal neki
mantuk
bangsa riyahipun
enjing
nulya tumedhak
dhumateng
Parang Taritis
lajeng
siram anyare Parangkusuma
21.
Pitekur
sesendhen sela
layap-layap
duk miyarsi
suwara
apan mangkana
'Heh
ta ya Seh Ngabdulrahkim
ngaliha
araneki
Ngabdulkhamit
ta sireku
lan
maneh ingsun warah
kurang
telung tahun iki
ing
bubrahe iya nagara Ngayogya.
22.
Apan wus
karsaning suksma
wiwit
bubrah tanah Jawi
iya
iku telung warsa
lamun
sira iku benjing
apan
iya pinasthi
dadi
lelakon ing besuk
ingsun
aweh pratandha
marang
sira Ngabdulrahkim
panah
Sarotama iki sira nggoa.
23.
Lan maneh
wewekasing-wang
marang
sira Ngabdulrahkim
lah
poma sira den yitna
lamun
luput iku benjing
ramanira
tan dadi
ananging
ta wekasingsun
Ngabdulkhamit
mring sira
ywa
gelem sira kinardi
ya
Pangeran Dipati marang Welanda.
24.
Mapan wus pasthi
duraka
nanging
ta ramanireki
Ngabdulkhamit
jaganana
enggone
jumeneng aji
tanana
malih-malih
mung
sira sarananipun
mapan
iku tan dawa
namung
kinarya luhuri
Ngabdulkhamit
wus poma sira muliha!
25.
Byar wungu
padhang tingalnya
tan
ana janma kang angling
lajeng
tumengeng gagana
wont
en cumlorot lir thathi t
tiba
ngarsanireki
tumanceb
ing sela iku
nenggih
ki Sarotama
sigra
pinundhut tumuli
byar
raina Seh Ngabdulkhamit lumampah.
26.
Kinandhut ki
Sarotama
pan
lajeng urut gigisik
kendel
ana ing sawangan
sakedhap
nulya lumaris
prapta
Lipura iki
ing
sela gilang puniku
nyare
sadalu nulya
enjing
pan lajeng lumaris
prapteng
guwa Secang kendel Jeng Pangeran.
27.
Anyare sadalu
ika
enjing
pan lajeng lumaris
kundur
marang Tegalhaija
samana
pan sampun prapta
lajeng
den-busanani
Ki
Sarotama puniku
rineka
cundrik ika
Enengena
kang winarni
ing
Ngayogya langkung kathah kang biwara.
28.
Upruk mapan
salÃn ñama
minister
ing namaneki
aglar
namaning Walanda
lawan
lenggah jajar sami
lan
Kangjeng Sultán iki
lawan
mawi songsong iku
puniku
datan lama
nulya
gurnadur Ngajawi
mapan
jendral Dles iku ing namanira.
29.
Sampun prapteng
Surakarta
yun
lajeng mring Ngayogyeki
Kangjeng
Sultán datan arsa
sabab
dereng wonten iki
adat
kang dhingin-dhingin
jendral
ngajawi puniku
sanajan
ngajawia
nanging
kendel neng Samawis
setun
tebih mapan kendel Salatiga.
30.
Nanging jendral
neng Samawis
nggenira
arsa udani
wekasan
dadya suwala
sagung
wong Ngayogya sami
kinen
samekteng jurit
sampun
pepak pra wadya gung
Dyan
Dipati Danuija
lan
Raden Rangga tanapi
pra
punggawa kang ageng-ageng sadaya.
31.
Kang jawi
ndherek sadaya
dhumateng
Radyan Dipati
mapan
kinen mangsulena
lampahnya
Jendral puniki
Kalathen
sampun prapti
tan
adangu Jendral rawuh
umiyat
wong Ngayogya
amepeti
lurung sami
dadya
kendel Jendral pan kirang samekta.
32.
Lajeng lumebet
kewala
mring
loji Jendral puniki
nadyan
Dipati Danuija
lan
Raden Rongga tanapi
sagung
kang pra Dipati
tumtu
malebet sadarum
lajeng
samya tabikan
kalawan
Jendral anuli
abicara
Jendral dados manahira.
33.
Pan lajeng
wangsul kewala
mantuk
dhumateng Samawis
mangkana
pan lama-lama
saya
kathah bicareki
nanging
raden Ranggeki
kang
wus tansah dadya catur
mangkana
tumpa-tumpa
dyan
Rangga ingkang prakawis
apan
asring den undang marang Semarang.
34.
Dyan Rangga
Prawiradirja
nanging
wus prayitneng galih
ingkang
tyas pan wus wuninga
lamun
dipun rangarahi
dhumateng
ing kompeni
dadya
tan pegat puniku
langkung
prayitneng baya
samana
apan wus lami
Jendral
meksa arsa wuninga Ngayogja.
35.
Wus dadi ingkang
bicara
mangkana
ingkang winarni
Kangjeng
Pangeran Dipatya
ingkang
putra den timbali
Pangran
Dipanagari
sampun
prapta ngarsanipun
Kangjeng
Pangran Dipatya
mapan
angandika aris
lah
ta kulup payo padha andum karya.
36.
Wong ing
kadipaten iki
kang
padha dandan prajurit
kabeh
iku sira reha
pan
sewu cacahe iki
tumbak
kencengireki
mangsa
bodhoa sireku
pan
ingsun kang bicara
dene
ingkang ngiring marni
mung
karia ngampil lawan Suranata.
37.
Kalawan Truna
Asmara
punakawan
gamel iki
ingkang
sun cekel priyangga
lawan
adhinira kalih
dadya
kanthinireki
sandika
Pangran turipun
Anulya
tinimbalan
Iki
wadana prajurit
naminira
rahaden Wiryapuspita.
38.
Lawan dyan
Jayaminarsa
wus
pinaringaken iki
mring
Pangran Dipanegara
samana
pan datan lami
lan
Jendral praptaneki
Jeng
Pangran Dipatya iku
amethuk
mring Kalasan
dene
ingkang jaga westhi
ingkang
putra Pangeran Dipanegara.
39.
Lawan kang rayi
kalihnya
Pangran
Adinagareki
lan
Pangeran Suryabrata
kalawan
wadana kalih
ingkang
dadya pangarsi
Samana
sampun kapethuk
lan
jendral neng Kalasan
Kangjeng
Pangeran Dipati
amung
lenggah sakedhap anulya mangkat.
40.
Kawarnaa
Kangjeng Sultan
kang
methuk neng Gowok iki
samana
pan sampun panggya
lawan
jendral Dandles nuli
lenggah
sakedhap iki
anulya
budhalan sampun
dhateng
nagri Ngayogya
lawan
Jendral sampun prapti
apan
kathah bicara kang nora dadya.
41.
Duk samana ing
Ngayogya
mapan
lagya mempeng neki
sagung
kang putra santana.
kalwan
kang pra dipati
mangkana
Jendral iki
apan
mengsah Kanjengipun
kang
prajurit sadaya
kalebet
manca nagari
ing
Ngayogya sadasa ewu pan samya.
42.
Sawangnya lagya
gambira
kajawi
pangrembeneki
nanging
Jendral ing tyasira
kang
dinugi amalahi
rahaden
Rangga iki
Prawiradirja
Madiyun
dadya
mantuk kewala
akarya
karenah malih
Raden
Rangga ingangkah keringira.
43.
Kangjeng Sultan
kang winarna
Rahaden
Rangga punika
pan
kaliyan mantuk ika
lan
sagung manca nagari
kawarna
sampun prapti
Rahaden
Rangga Madiyun
sampun
karsaning Suksma
Jeng
Ratu Maduretneki
babar
lajeng seda konduran punika.
44.
Sinare ing
Giripurna
Rahaden
Rangga puniki
tumut
aneng pakuburan
rahina
wengi anangis
mapan
ngantos alami
saking
trenyuhing tyasipun
mangkana
ciptanira.
angur
miluwa ngemasi
datan
saged yen maksih kantun neng donya.
45.
Dadya dilalah
karsanya
sakeh
luput den andhemi
mangkana
ingkang winarna
Jendral
mapan sampun dadi
rembag
lan Dyan Dipati
nulya
atur surat sampun
dhumateng
Sri Narendra
anuwun
Dyan Rangga iki
pan
ingundang mring Jendral dhateng Samarang.
Dilalah
karsaning suksma
Kangjeng
Sultan teka gampil
pan
iku kang dadya marga
rusake
Ngayogya iki
Dyan
Rangga dentimbali
wus
sowan sabalanipun
pan
sewu winatara
nanging
Dyan Rangga tyasneki